PEGADAIAN Indonesia

mengatasi masalah tanpa masalah

Monday, May 19, 2008

...all about INTEGRITY

Dipun tingali yuswanipun pancen sampun lingsir sepuh malah keporo kedalon. Pak Suyatno 58 taon, saben dinten namung nenggani semahipun ingkang ugi sampun sepuh. Kalih-kalihipun sampun krama udakara 32 taon lan diparingi 4 momongan. Namung ing mriki pacoben puniko kawiwitan, saksampunipun mbabaraken anak ingkang pungkasan, dumadakan sukunipun lumpuh mboten saged pun ebahaken ngantos 2 taon dangunipun. Dumugi ing taon kaping tiga sadaya raganipun lemes mboten saged pun ebahaken, balung-balung karaos lungkrah malah ilatipun ugi mboten purun kabereg ngendikan. Saben dinten pak Suyatno ngedusi, ngresiki sakojur rereged, ndulang lan ngangkat malih ngantos dumugi papan patileman. Sakderengipun bidhal nyambut damel, semahipun kagendhong dateng kursi ing sakngajenging tv supados mboten rumaos bosen.

Sinaosa sang garwo mboten saged ngendikan, namung piyambakipun tansah mesem. Bejanipun, panggenanipun glidhig pak Suyatno mboten tebih saking griyanipun. Saenggo wayah siang piyambakipun saged wangsul saperlu ndulang garwanipun. Sontenipun pak Yatno kondur lajeng nyirami semahipun, nggantos busono lajeng nenggani sesarengan mirsani tv sinambi nyariosaken kedadosan ingkang pun lampahi kalawau ing panggenan padamelanipun.

Sinaosa semahipun namung saged ndlongop ningali lan mboten paring wangsulan utawi ngombyongi anggenipun cariyos, naming pak Suyatno rumaos marem malah sok kepara mbedo ngejak guyon sang garwo menawi badhe tilem. Pirembagan semah tuwin pak Yatno, namung linangkung sunaring netra, ingkang ugi namung dipun mangertosi dening pak Yatno piyambak. Menawi pun ajak gojeg lajeng sunaring netra sang garwo ketingal sumunar nandhakaken menawi remen utawi gumujeng.

Kedadosan makaten puniko sampun pun lampahi pak Suyatno ngantos selawe taon, kanthi sabar piyambakipun ngruwat semahipun sinambi momong sekawan putranipun. Sakpuniko lare-lare sampun sami mentas kantun Si Wuragil ingkang taksih kuliah.

Sakwijining dinten, sekawan putro putrinipun makempal ing dalem tiyang sepuhipun sinambi bezoek keng ibu. Awit sasampunipun putra-putrinipun neningkahan sampun mencar kaliyan semahipun piyambak-piyambak. Kantun Pak Suyatno ingkang nerusaken ngrawat keng garwo kanthi setunggal paugeran: Sedoyo anak-anakipun kedah dados tiyang ingkang migunani tumrap tiyang sanes.

Kanthi sumedhot lan ngatos-atos putro mbajengipun matur: “Pak keparengno kawulo putro2 gentos ngrumat keng Ibu, awit wiwit kulo alit ningali Bapak tansah ngrumat Ibu sinaosa mboten kawedal sakkecap kemawon Bapak nggrundhel.....malah keporo Bapak mboten marengaken kulo dalah adik2 ngrumati keng Ibu.”

Kaliyan kembeng2 lare puniko matur lirih lan pedhot-pedhot, unjuke:”...sampun kaping sekawan kulo dalah adik2 ngaturi Bapak kromo malih, kawulo pitados bilih keng Ibu mesthi ugi ngidini. Kapan Bapak saged nglaras ing yuswo sepuh puniko ? Kanthi ngurbanaken yuswa kadosdene wekdal puniko, kawulo dalah adik2 mboten tego ningali kawontenan Bapak. Kawulo sadoyo aprajanji badhe ngrekso keng Ibu kanthi gumilir.”

Pak Suyatno mangsuli kanthi wangsulan ingkang mboten kanyono sinten kemawon:” Anak2ku...yen neningkahan lan urip neng donya iku sakperlu kanggo ngumbar angkoro, mbokmenowo bapak gelem ningkah maneh...anaging tuhonano kanthi kahanane ibumu sing koyo ngene iki neng jejerku, aku wis rumangsa sarwo cukup. Dheweke wis nglairake kowe kabeh....(udokoro sawetara kendel amargo gulune koyo kabumpetan)...kowe kabeh sing dak angen2 ono ing donya iki ngungkuli samubarang kang edi. Coba podho takona marang Ibumu, apa Panjenengane kepengin nandhang kaya ngono kuwi. Kowe dho pengin Bapak tentrem rahayu, opo penggalihe Bapak biso tentrem nilarake ibumu sing kahanane koyo ngono kuwi ? Kowe dho pengin Bapak sing isih sehat iki ben iso diladeni wong liyo, njur kepriye ibumu sing lara ? Ora le...ndhuk...bapak ora bakal ninggalake ibumu.

Midhanget wangsulanipun sang rama ingkang kados makaten meniko lajeng sedaya putra2nipun sami tetangisan, ingkang jaler sami mbrebes mili luh-ipun lan ingkang estri sesenggukan kaliyan ngrangkuli garwanipun piyambak2. Malah keng Ibu ugi ketingal ngedalaken luh lan paningalipun mirsani garwanipun kanthi ngendhelong, garwo ingkang sanget puntresnani.

Tumuli pak Suyatno katimbalan salah satunggaling tv swasta minongko nara sumber, lan nyuwun pirso punopo wigatosipun kok betah nglampahi gesang lelados ngantos selawe taon kamongko garwanipun sampun mboten saged menopo2 malih ? Nembe ing ngriku pak Suyatno nangis ngguguk kamongko meh sedaya ingkang rawuh ing studio puniko pawestri ingkang ugi tumut sesegen. Ing ngriku pak Suyatno matur kanthi lirih nanging lugas :

“ Menawi manungso ing donya meniko ngutamekaken asih tresna ing neningkahanipun, ananging mboten kerso lelados ing babagan wekdal, kekiyatan lan penggalihan, meniko mujudaken gesang kang siyo2. Kulo mindhah semah kulo minongko sigaraning nyowo. Naliko pyambakipun seger waras, pyambakipun ugi ngrumat kulo kanthi sabar lan nresnani kulo kanthi manah lan sariranipun, mboten kalih mripatipun kemawon. Lan pyambakipun maringaken lare sekawan ingkang lucu2. Sakmeniko pyambakipun sakit amargi ngorbanaken sariranipun murih katresnan kito sekaliyan...lan puniko minongko doyo panguji tumrap kulo menopo kulo saged ngugemi janji katresnan menopo wontenipun. Pyambakipun bagas waras kemawon dereng tamtu kulo pados gantosipun, punopo malih sakit...”

0 Comments:

Post a Comment

Subscribe to Post Comments [Atom]

<< Home


Damai Sejahtera @ Terima Kasih

Free Website Counter