PEGADAIAN Indonesia

mengatasi masalah tanpa masalah

Tuesday, May 31, 2011

PANDONGA katembangaken srana Dandanggulo



Yehuwah kang dhedhampar ing swargi,
Asma Tuwan mugi kasucekna,
Karaton tedhak daleme,
Mugyo rawuh jroning kalbu,
Kalampahna karsaning Gusti,
Kadyo dene ing swarga,
Makaten ing tandhu,
Pun tampi rejeki kula,
Sakcekapipun ing barkahing Hyang Widhi,
Teguh hayu pinanggya

Sakathahing kalepatan mami,
Ingapura kadya lakonira,
Hangapura saklebete,
Adohna godha padu,
Uwalna dursilaning ati,
Kiyat namping panandhang,
Tan gampang amutung,
Karaton kagungan Tuwan,
Ugi maha wisesa kamulyan tuwin,
Langgeng amin slaminya.



sulih basa dugeng macapat dening
Kis Prijono


Damai Sejahtera @ Terima Kasih

Free Website Counter